Jumat, 03 September 2010

lemper

Kayane angen-angen iki bakal pupus..
Ora ana memitran ing antarane aku lan kowe..
Kabeh amung deling..apus-apus ing lathi..

Biyen aku wis rumangsa kliru..
Lemper iku bakale amung ketemplekan lebu yen nora ketutup godhong gedhang..
Lan memitranmu...
Kaya godhong gedhang...
Aku minangka lebu,ora isa kelet ing lempermu..ya atimu....

Kamis, 02 September 2010

Geguritan

kanca-kanca ingkang badhe nyumbangaken gagasan utawi ide, lumantar menika kula nyobi sekedhik mbaka sakedhik kagem nglajengaken budaya nyerat saking para luhur, mbok menawi benjang sageda dados cariyos tumrap putra wayah menawi kita kagungan budaya nyerat ingkang sampun turun-tumurun. Nuwun.


kadonyan

donya iki amung angen-angen
isine amung pengin,pengin lan pengin
weweh iku wis arang kang katon
sing ana culika kang nggawa wisa

iya,,upas iku kang gawe reregeding awak lan batin
urip wis ora ana ajine yen wus ketaman racun
ora ana sanak, kadang, kanca, guru, murid,priyayi lan rewang
uga ora nana manungsa maneh.....isine amung mayit kang ngelih pengin nguntal lemah...

tobat-tobat-tobat
sing saka adoh ngejak apik,nanging kanthi cara kasar
sing cedhak wus dadi panutan ditinggal amarga rumangsa kurang
sing ora weruh,rumangsa bingung lan milih colong playu..
sing weruh......bakale amung elik-elik.........