Minggu, 07 Februari 2010

sampah

aku nyawang pener emper toko....
pating klumpruk ora nggenah neng pojokan...
gandane mbreseng nyogrok irung....
huhh....kaya ngene kok sik padha betah.....
apa wis ora duwe rasa gila???

ora suwe-suwe banjur aku menyat ngalih...
ora betah karo ambu sing ngalah-ngalahi ambune entutku dhewe...
nanging....lhadalah,, blaikkkkk....
saben jangkahku di kebaki cecegan rokok sing uthise mabul-mabul kasebul angin..

aku mung arep takon...ning karo sapa.....
apa sampah-sampah ngene iki bakal ditogke mumbul nganti bulan???
apa awake dhewe ora bisa usaha sithik wae kanggo nyampirake reregedan iku??
kapan...awake dhewe isa ndeleng panggonan resik senadyan ta iku got yen ta awake dhewe ora melu cawe-cawe?

eling ya kanca......awake dhewe urip wis diwenehi panggonan........
yen ta amung ngresiki....apa ta salah lan klerune????
mamula kanca aku mung isa kandha
guwaken sampah ing panggonan samestine...sadurunge donya nundhung lunga awake dhewe....
yen umpama kedadeyan ngono???arep menyang endi awake dhewe?????

Tidak ada komentar:

Posting Komentar